Minggu, 28 September 2014

CERITA JAWA



                        BRAMBANG ABANG LAN BAWANG PUTIH
Dening Regu Edelweis

Kocap kacarita, ing desa Gejomplang ana salah satunggaling kluarga kang urip tentrem, lan makmur. Kluarga kuwi yaiku kluargane Pak Budi. Pak Budi kagungan garwa kang ayu, sabar lan pangerten. Pak Budi uga kagungan putri kang ayune ngalahi widadari, lan duweni sifat kaya ibune. Pak Budi kagungan tangga, namine Bu Rana. Bu rana kuwi janda sing urip naming karo anak semata wayange, Brambang Abang. Bu Rana karo Brambang Abang kuwi meri karo kluargane Pak Budi, nganti-nganti  nalika Ibune Brambang Putih lara, si Bu Rana ngirimi jamu kang nyatane racun. Bu Budi tansaya lara.

Bu Budi            : “Putih anak ku, (uhuk..uhukk) ibu pesen, bapak dijaga lan dirawat nggih,”
Bawang Putih   : “Huhuhu,, simbok.. inggih mbok, kula janji”
Bu Budi            : “Dadi bocah sing apik, ya, Nduk.. Supaya bisa nyenengke atine bapak..
Bawang Putih   : “Lha Simbok ki badhe tindak pundi??


Bu Budi            : “Nduk, aku kuwi wis lelaran.. Paling dhilit maneh Izrail methuk aku..”
Bawang Putih   : “Mbok!! Aja ngomong ngaten.. Mbok!!”
Bu Budi            : “A..aa..kkuu.. Tres..Naa.. Kowe, Nduk..” (Mati)
Bawang Putih   : “Simbookkk!!”
Pak Budi           : “Ngapa e ibumu ki??”
Bawang Putih   : “Genah meneng wae, kaku, pucet…”
Pak Budi           : “Ibu mati po?? Sayangku!!! Tresnaku!!!! (Goyang-goyangke Bu Budi) Eh ning aku isa duwe bojo anyar.. Aseeeekk.. Golek sing enom ah!! Sing kaya Dipta Anindita…”
Bawang Putih   : “Bapak.. Bapak ki stress we!! Aja kaya ngono tha..
Pak Budi           : “Ora-ora.. Ibu!!!” (Nangis.. Alay.. >,<)
           
Sapaninggale Bu Budi, Bawang Putih naming urip karo bapakne. Nanging, 4 sasi sakwise Bu Budi tilar donya, Pak Budi nikah karo Bu Rana. Lekas kuwi, uripe Bawang Putih berubah. Ora dadi luwih apik, ananging sawalike. Bu Rana lan Brambang Abang mesti ngekon-ngekon Bawang Putih nglakoni apa wae. Nyapu, ngumbahi, asah-asah, masal, malah kaya-kaya Bawang Putih kuwi dadi kacunge Brambang Abang karo ibune.

Brambang Abang   : “Putih… Putih…!! rene kowe. Iki kepiye? Ruang tamu ne kok ora karu-karuan rupane. Koyo gudang mburi kae lho! Cepet-cepet, lek ndang diresiki!!
Bawang Putih        : “Injih, Brambang Abang… (nunduk banjur lunga njupuk sapu).”

Ing ndapur....

Ibu Tiri                   : “Lho, . Bawang Putih neng ngendi yo, thek ora kethok rupane yo! (karo ndeloki kiwo tengen) Putih… Putih… Putih…! kowe neng ngendii !! dicelukke ket mau kok ora krungu to.
Pak Budi                : lah, ana apa to bu..bu…!  kok mbengok-mbengok ki (bingung).”
Ibu Tiri                   : “We..lha dalah Bapak tho, kapan le kundhur pak, kula mboten ngertos e menawi bapak sampun kundhur.
Pak Budi                : “Pancen bapak mau ora ngucap salam,masalahe krungu ibuk bengak-bengok nyeluki Bawang Putih. Lha si Bawang Putih neng ngendi he bu.? Lak ora nopo-nopo to deke.? (bingung).”
Ibu  Tiri                  : “Ora ngopo-ngopo og pak, santé wae ra usah kuwatir (karo ngelus-elus tangan bojone) Ibu wedhi Bawang Putih nak nganti ngopo-ngopo, ee lha dalah wonge malah lagi turu neng kamar galo, pak. “
Pak Budi                : “matur nuwun ya bu, Bapak remen tenan nduwe bojo seng pengerten tenan koyo Ibu, (ngelus rambut bojone).Ya wes nak ngono bapak tak mangkat dagang neng pasar meneh yo bu, paling bapak neng kono 1 minggu. Tulung ibu njogo anak-anak apik-apik yo buk, oh iyo iki ana duwit 500 ewu, cukup nggo kebutuhan seminggu iki buk(ngekke duwit).Yo wes buk, bapak tak mangkat sek yo.Assalamu’alaikum.. (ngajak salaman).”
Ibu Tiri                   : “Iya pak (ngambung tanganne bapak) ati-ati neng ndalan yo pak, da…! :D (sauwise bapak tindhak) .Hemm… mbok kira aku seneng karo kwe tenan po! Aku ki gor seneng karo duwit mu karo omah mu iki hlo… ha… ha… ha… Wong sleraku ki ra kayak owe.. (karo ngetung duwit). Putih… putih…putih…rene kowe! (nyengar-nyengir).”
Bawang Putih        : “Ya… ya… bu, wonten kenopo bu?”
Ibu Tiri                   : “Kowe ket mau ki neng ndi wae, tak celuki ora lek ndang moro? (narik lan njorokke Bawang Putih).
Bawang Putih        : “Injih bu ,kula wau nembe bobok dadose mboten radi ketingal suarane ibu…! (wedi).”
 Ibu Tiri                  : “Ya wes, (ngangguk-ngangguk) saiki kwe ngumbahi klambi reget kae neng kali? Ojolali Bawang Putih,sak durunge ibu bali meneh kumbahan mau kudu wes resik kabeh lan omah iki kudu wes resik meneh! Ngerti ra kwe….! (mbentak).
Bawang Putih        : “Inggih bu, kula ngertos.”
Ibu Tiri                   : “Yo uwis, nunggu opo meneh ? cepet lek mangkat”

Ing Kerajaan Njomplangke, Ibunda ratu lagi bingung mikirke nasib kerajaan sing lagi dipimpin. Deweke bingung banget, merga deweke wis tuwa lan saiki lagi lara. Deweke banjur nyeluk tabib kerajaan.

Ibunda ratu       : Bib, aku ki jane lara apa tho? Kok ora mari-mari?
Tabib                 : “Mboten punapa-punapa kanjeng ratu.
Ibunda Ratu      : Kowe ora sah ngapusi aku.
Tabib                 : Inggih kanjeng ratu. Saestu kula mboten goroh.
Ibunda Ratu      : lha aku iki kapan marine?
Tabib                 : njih panjenengan ingkang sabar mawon, sekedap malih.

Tabib metu saka kamar e kanjeng ratu banjur nemoni sang Pangeran Samber Gludhuk.

Pangeran           : Pripun pak kahananipun Ibunda?
Tabib                 : yuswanipun kanjeng Ratu manawi miturut prakiraan kula namung gari 49 dinten.
Pangeran           : “opo??? :O”
Tabib                 : mboten sah kawatir pangeran, taksih wonten 1 cara malih.
Pangeran           : Napa niku Pak Bib? kepiye carane, pokok e bundaku kudhu selamet. Cepet Pak Bib, kula diandhani.. huhu ibunda”
Tabib                 : “Sabar to den. Ngene, panjenengan kedhah nggawe obat saka 3 godong, yaiku godong kolonjono, ciplukan lan tapak dara ing kurun wekdal 49 dina.
Pangeran           : “ Hmm.. ambu-ambune kok angel temen yo, Pak Bib..?”
Tabib                 : “Lha mboten onten cara liyane maneh jhe..”
Pangeran           : “Ha enggeh Pak Bib. Pak..pak, mbesuk kancani kula nggeh, nggolek godhong 3 mau. Nggeh Pak Bib nggeh ????”
Tabib                 : “Wani pira?” ^_^
Pangeran           : “Woalah Pak -_- “

Ing panggon liya, Bawang Putih mangkat neng kali ameh ngumbahi klambi seng reget mau.

Bawang Putih     : “Duh Gusti, kapan aku bisa urip kepenak?. Esuk wis mangsak, asah-asah, njerengi, awan nyapu, sore mangsak meneh, mbengi mijeti Ibu lan Mbak yu ku, Huhuhu,, malang kian nasibku.. :’( ”

Sawise rampung ngumbahi, Bawang Putih banjur bali mulih. Ing ndalan, deweke nemu kembang ingkang apik banget.

Bawang Putih      : “Hhh,,(menghela nafas), akhire rampung le ngumbah klambi. (beberapa saat kmudian) Eh ? Wah, ono kembang. Kembang opo yo iki? Uapiik tenan ck,ck,ck.. Hmm,, ora ono sik duwe to iki? (clingak-clinguk). Kekeke, tak gawane bali ah. Lalalalala...”

 Bawang Putih banjur njabut kembang mau lan digawa bali. Tekan ngomah, Kembang kuwi mau banjur ditandur ing ngarep omah. Mung jarak sak wengi wae, kembang mau tukul dadi wit kang dhuwure setengah meter, lan nduweni godhong kang apik bentuke.

Tabib                 : Pangeran, kita sampun madosi godong nganti 39 dinten, taksih kirang godong tapak dara. Pripun niki?”
Pangeran           : Ra pa pa, sing penting usaha sik, ojo nyerah
Tabib                 : “Inggih,. Pangeran Niku enten ndeso, menawi kita nyobi pados dateng mrika pripun ?
Pangeran           : “Ya”

Tabib lan Pangeran ngubengi desa itu, saben omah ditekani, nganthi pucuke desa sing paling pucuk, godhong sing ke 3 ora ketemu-ketemu. Akhire, Tabib lan Pangeran tekan ing omahe Bawang Putih.

Tabib                      : “Assalamu’alaikum .. (dodok-dodok lawang)
Brambang abang    : ya, sedilit,” (Brambang Abang nginjen saka jendela, banjur mbukake lawang.)
Brambang abang    : “Ehm,, ehm,, wonten punapa nggih ?
Pangeran                : “Mekaten, kula badhe tanglet . Ing ngajeng punika wit kembang e sinten (nunjuk wit kembang) ?
Ibu tiri                    : “Loh loh? Iki Pangeran Samber Gludhuk saking kerajaang Njomplangke to? Wonten kersa punapa kok mampir omah kula? (ujuk-ujuk nyauri)
Pangeran                : “Mekaten bu, kula badhe tanglet punika wit kembange sinten?
Ibu tiri                    : oh niku nggene anak kula. Pripun to?
Pangeran                : menawi wit kembang niku kula tumbas pripun?
Ibu tiri                    : oh nggih .. saged,niku nggene anak kula si Brambang Abang kok. Yo ra ndhuk? Oleh to?”(karo ngedepi Brambang Abang)
Brambang abang    : “oh inggih bu. Mboten napa-napa.
Pangeran                :matur nuwun sanget nggih.

Brambang Abang banjur nyoba njabut wit kembang kui mau, nanging ora bisa.Dijajal nganthi tangane puanas nass nass, wit kembang mau tetep ora bisa kecabut. Ujuk-ujuk Bawang Putih teka saka alas, deweke bingung, kenapa akeh uwong nang ngarep omahe.

Bawang Putih      : “Njenengan meh ngapa  mbak yu?
Brambang abang : “huzz, wis kowe menengo wae, iki wit kembangku, iki urusanku. Kowe ki mung kacung.. Ra pantes..
Tabib                   : pripun mbak? saged mboten nggih ? Menawi niku mboten nggene panjenengan wit kembang niku mboten saged di jabut. Cobi mbak e niku wau mawon.
Brambang abang :  “ha ora mungkin,, kuwi cetha gonaku ! Masa cah mbel gedhes kaya Putih isa.. Hilih..
Tabib                   : nyobi mawon rumiyin.

Bawang Putih banjur nyoba njabut wit kembang mau, namung ditarik ping pisan wae, Bawnag Putih wis bisa njabut wit kembang kuwi mau amarga wit kembang iku nggone dekke.

Brambang Putih  : “Monggo Pangeran, niki wit kembange”
Pangeran              : inggih,matur suwun nggih cah ayu. Heh!! Sing klambi abang.. Mesti kowe mung ngaku-aku.. Ya tha?? (Brambang Abang mrengut) Ketok reti ra..

Sauwise ngucapke matur nuwun kalih Bawang Putih, Pangeran lan Tabib balik ing Kerajaan Njomplangke.
Ning kerajaan....

Pangeran           : “Pak Bib, menika godong sing dibutuhaken sampun ketemu sedaya.
Tabib                 : “Oh ya, kene kene, tak godhoge”

Tabib                 : “Niki Pangeran, ramuane sampun dados. Sampun saged diunjuk kaliyan Ibunda Ratu”
Pangeran           : “Oh ya Pak Bib, kene kene”
Pangeran           : “Ibunda, monggo diunjuk ramuane”

Sawise ngombe ramuan saka 3 godong mau. Ibunda Ratu banjur mari saka penyakite.

Ibunda Ratu      : “Le, aku pengen ketemu karo wong sing duwe wit kembang iku mau ?
Pangeran           : “Lha, wonten punapa ta Bu ?
Ibunda Ratu      : “Aku pengen ndadekake deweke dadi mantuku, amarga wis bisa nylametake uripku. Kowe nek ya gelem ta Le? ;) “
Pangeran           : kersa sanget bu.. :D  Wong aku kuwi wis jatuh hati wiwit kepisan pethuk.. Hehe..
Ibunda Ratu      : “Ealah anakku wis ngenal tresna.. Ya wis.. Ndang siyap-siyap nggo nglamar de’e..”

Sawise kui mau, Ibunda Ratu lan Pangeran teka nglamar Bawang Putih. Brambang Abang lan ibune meri banget.

Ibunda Ratu           : “Oalah iki to Pretty Girl-mu.. Cen ayu.. Nah nek sing nang mburine kae sapa tha?”
Pangeran              : “Brambang Abang.. Mbuh kuwi sapane.. Ning gaweane ngatur-ngatur.. Ah yow is sing penting aku arep nglamar Bebeb Pretty Girl-ku..”
Brambang abang   : “Wah Pangeran arep nglamar aku.. Aduhh..”
Pangeran               : “Woo GR.. Putih kale… Bawang Putih.. Aku tresna karo sliramu.. Gelem ora dadi pacarku??” (Bawang Putih gedhek)
Ibunda Ratu          : “Hayo jelas ora gelem.. Kan geleme dadi bojomu..”
Pangeran                : “Putih.. Aku pengin kowe dadi garwaku.. Ya.. Ya..?”
Bawang Putih        : “Aku gelem kok..”
Bu Rana                : “Lha aku karo anakku ditinggal nang omah iki.. Trus kowe nang istana?? Yo ra trimo.. Aku ki mbokmu lho, Putih..”
Pangeran                : “Ibune?? Lha kok mbiyen kae mbentak-mbentak.. Ngakon-akon maneh.. Berarti mbiyen Putih padha disia-sia?? Ya uwis, Brambang Abang karo Ibune ben nang kene wae.. Aku karo Putih urip seneng saklaawase.. Eaaa!!
Bawang Putih        : “Apa ta, Pangeran sing Kesamber Gludhuk??”
Pangeran                : “Kok jenengku ganti tha, Dek?? Ah yo ra papa.. Sing penting posisiku nang atimu ora ganti.. Tetep dadi Yayangmu..”

Sabanjure Bawang Putih diboyong ing Kerajaan Njomplangke. Bawang Putih lan Pangeran urip tentrem, ayem, lan dadi keluarga kang sakinah, mawadah, warahmah. Alhamdulillah.








TUGAS BAHASA JAWA
KETOPRAK
ANGGOTA:
1.AYU NUR AINI (6)
2.BRILLIAN RISKI A S (7)
3.DIFA RAHMANISFUL (8)
4.DZIKIRANA MAJID R  (9)
5.ENGGIH ESTINA (10)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar