Minggu, 28 September 2014

TULADHA SANDIWARA



TULADHA SANDIWARA
BAHASA JAWA

https://encrypted-tbn3.gstatic.com/images?q=tbn:ANd9GcSN8_aCMQeu_W5nxf6MebifML0mupQ9f7iWMl54xKtq9-2fM5Q2


NAMA  : ayu nur aini
Kelas   
No        : 01`
Guru mapel : bu supraptri spd
Drama Bahasa Jawa : ''Ande-ande Lumut''

Skenario Drama
“Ande-ande Lumut”
Prolog
(Musik 1 : prolog)
Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi , tata tentrem kerta raharja . wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan . pangeran kala wau inggih punika putra mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan .
Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang . saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.
Bagian 1 :
(musik 2 : di hutan )
Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun .
(keterangan: Dua orang berjalan waspada melihat keatas dan kebawah, mencari binatang buruan)
Pangeran : Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo…
Bejo : Pangeran…. Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?….
(keterangan: berjalan mundur…. Kemudian bertabrakan bersama, sampai gelimbungan).
Pangeran : aduh… kowe kui ati-atio….
Bejo : hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran enten wingking kula…
Pangeran : rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.
Bejo : wonten napa pangeran….
(keterangan: dua orang duduk bersama dan bercerita)
Pangeran : Kok renek kewan dina iki ya?
Bejo : Injih pangeran sepi sanget…!!!
(Keterangan : Pangeran dan pengawalnya berdiri, Kaget melihat ada orang di hadapan mereka)
Pangeran : Siapa kui jo…
Bejo : kula mboten ngertos pangeran.
Pangeran : ngapunten bu , kula bade tanglet?
(keterangan: Yang ditanya diam, tidak menjawab, sibuk dengan kayu bakarnya)
Pangeran : Kulanuwun… bu….
(keterangan: Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo kaget melihat pangeran)
Mbok rondo dadapan : waladalah…. Sapa kowe?..
Pangeran : kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa?
Mbok rondo dadapan : Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng kene??
Pangeran : kula bade menggembara bu… ananging kula tersesat mboten ngertos dalane.
Mbok rondo dadapan : Wah.. yow wes…kowe melu mbok wae pie le ??tak dadekne anak angkatku yen kowe gelem.
Pangeran : Wah.. injih bu kulo purun bu..
Mbok rondo dadapan : mulai sekiki kowe dadi anakku.kowe tak jenengke ande-ande lumut ya le.
(keterangan: Pangeran bersama dengan pengawal dan mbok rondo pergi menuju rumahnya)
(Musik 3 di hutan < akhir > )
Bagian 2 :
(musik 4 : dirumah keluarga kleting-kleting )
Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau ugi salah sak tunggaling putri tirinipun ingkang nami kleting kuning.
Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten kalian kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning.
(keterangan: datanglah kleting kuning membawa sapu, menyapu dan mengepel lantai. Duduk di pojok ruangan. Tak lama datang mbok rondo mengawasi kleting kuning. Disusul sodaranya kelting merah,dan hijau berjalan menuju mbok rondo)
Mbok rondo Kleting : Anak-anakku sing ayu-ayu…rene ndug
Kleting-kleting : injih . Mbok…
Mbok rondo : ngene ndug ana berita sing penting banget…
Kleting merah : Berita apa to mbok… (dewasa)
Kleting Hijau : iya mbok enten napa ta??(manja, mendekat sambil memegang tangan mbok rondo kleting)
Mbok rondo kleting : kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus banget, jenenge ande-ande lumut.
Kleting-keleting : Owh… ande-ande lumut…. Bagus!!!! Wahh gelem no….
Mbok rondo klenting : iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwo pendampinge…
Klenting-klenting : wahh ,,,purun sanget bu….
(keterangan :kleting merah dan hijau bersama bergaya manja, centil)
Mbok rondo kleting : iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen dadi putri sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone ande-ande lumut.
Kleting-kleting : Iya mbok.. purun_purun…
Kleting merah : wahh mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…
Kleting hijau : ora iso,,!!mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwone….
Kleting merah : heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku dadi mbakyumu…!!!!
Mbok rondo kleting : wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake mbok kan ayu-ayu,,rasah do udur…!! Gek neng njero,,siap-siap dowan!!!
Kleting-kleting :injih mbok….
(keterangan: kleting merah,hijau meninggalkan mbok rondo dan masuk kerumah)
Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake pirembugan saderekipun , datengi mbok rondo lan dialog.
Kleting Kuning : Mbok… kulo bade matur…
Mbok rondo kleting : Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ?
Kleting kuning : Sampun mbok…, ngenten mbok… kula inggih kepingin nglamar dados garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.
Mbok rondo kletling : Owh yow wes..rene tak dandani kowe .
(keterangan: mbok rondo memberikan angus dan bau-bau tidak sedap kepada Kleting kuning)
Mbok rondo Kleting : yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone mbok neng kali kono.
(keterangan: Mbok rondo mendorong Kleting kuning dengan kasar)
Kleting kuning : Injih mbok…
(keterangan: Kleting kuning meninggalkan mbok rondo dan menuju dapur)
Mbok rondo Kleting : Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwone ande-ane lumut yaiku salah sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.
(keterangan: mbok rondo kleting tertawa terbahak-bahak, menuju kedalam rumah)
Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun dawuhake mbok rondo kleting ditampa kanti lemah manah .
(musik 5 : dirumah keluarga kleting-kleting )
Bagian : 3
(Musik 6 :perjalanan menuju sungai,, suara ghaib )
Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel mboten sae kaliyan mbok rondo klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun.
Kleting Kuning : Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti lemah manah.
(Musik 7 : suara ghaib )
Suara Ghaib : Hai… cah wadon ayu.
Kleting kuning : Siapa kui…
Suara Ghaib : Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu. …
Kleting kuning : ameh ngapa kowe?..
Suara Ghaib : Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo pusaka iki keguna karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu.
Kleting kuning : Injih matur nuwun..
(keterangan: Kleting kuning meninggalkan sungai dengan membawa pusaka barunya).
(Musik 8 : suara ghaib )
Bagian : 4
(musik 9 : Yuyu kangkang (awal)
Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu kangkang gesang. Piyambake ingkang nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu kangkang ingkang julik.
(keterangan: Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang mondar-mandir mengawasi jika ada orang datang).
Yuyu kangkang : Hohohoho…. Godong waru ko bolong-bolong… bocah ayu ko moblong-moblong….Sapa kae sing teko??
(keterangan: kemudian datang Kleting Merah dan hijau menuju pinggir sungai)
Kleting merah : Wah… kaline banjir…
Kleting hijau : Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??
Kleting merah : kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????
Kleting hijau : Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..
Kleting merah : Iya ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang…
Yuyu kangkang : Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…
Kleting merah : Yuyu kangkang… aku jalik tulung kowe….tolong sebrangke lewat kali iki…
Yuyu kangkang : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane
Kleting merah : imbalane apa to…kon mbayar ngango duit?? Wah kowe kui mata duitan…
Kleting hijau : yow wes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..
Yuyu kangkang : dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha
Kleting-kleting : Prett….
Yuyu kangkang : Imbalane yaiku ngango tangamu..
Kleting merah : apa tanganku???ameh bok kapakne??
Yuyu kangkang : ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…
Kleting hijau : ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…
Kleting merah : iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok ambungi??hiiiii
Yuyu kangkang : yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah…
(keterangan: kleting merah dan hijau berembug)
Kleting merah : yow wes,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….
(keterangan: yuyu kangkang menyebrangkan kleting merah. dan hijau bergantian)
Yuyu kangkang : Wah… seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..
(keterangan: datanglah kleting kuning akan menyebrang)
Yuyu Kangkang : Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.
Kleting Kuning : Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang??
Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne aku.
Yuyu kangkan : Hahaha… aku wegah
Kleting kuning : mengko tak keki duit…
Yuyu kangkang : aku wegah… wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar wung wadon elek
Kleting Kuning : alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…
(keterangan: Kleting kuning mengeluarkan biting)
Kleting kuning : Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.
Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih. Sak lajengipun klenting kuning saget lumampah nyebrang lepen menuju griya mbok rondo dadapan , griyanipun si ande-ande lumut.
(Musik 10 : Yuyu kangkang mati)
Bagian 5
(Musik 11 : dirumah mbok rondo dadapan (awal) )
Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu griya , wonten ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah sawijining surau . ngentosi gengantilaning manah ingkang dipun janjiaken Gusti Allah kangge piyambake.
(keterangan: Mbok rondo sedang menyapu halaman rumah, tiba-tiba datang rombongan gadis-gadis cantik, kleting merah, biru dan hijau)
Kleting-kleting : Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan : Wa’alaikumsalam, sapa ya…
Kleting merah : kula mbok…Kleting Merah
Kleting Hijau : kula kleting hijau mbok…
Mbok rondo dadapan : wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??
Kleting-kleting : Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok…
Mbok rondo dadapan : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak omongne ande-ande lumut…
(keterangan: mbok rondo menyanyikan lagu)
(Musik 12 : kleting merah)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : Wah… ora gelem ki nduk….
Kleting hijau : Cobi kulo mbok…
(Musik 14 : kleting ijo)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : wah… ora glem kabeh kae…
(Tidak lama kemudian, datanglah Kleting Kuning, dari kejauhan sudah tercium bau yang tidak enak, wajahnya coreng moreng karena debu.)
(keterangan : datanglah Kleting Kuning menuju mbok rondo)
Kleting kuning : Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan : wa’alaikumsalam… sopo iku ya…
Kleting kuning : kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut.
Mbok rondo dadapan : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…
Kleting merah : La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing ayu ditolak kok sansoyo kowe??
Kleting Kuning : Di coba disik mbok…
(Musik 15 : kleting Kuning)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade medun, najan olo meniko kang putro… suwun.
Mbok rondo dadapan : Lo… apa rasalah kowe le tole??
Ande-ande Lumut : mboten bu niki sampun dadi pilihane kula
(keterangan ; kleting-kleting kusak-kusuk)
Mbok rondo dadapan : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.
Ande-ande lumut : Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal
Mok rondo dadapan : Apa kui???
Ande-ande lumut : Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran ingkang menggembara golek penggalaman urip.
Mbok rondo dadapan : Apa… pangeran…???
Kleting-kleting : haa!!!!……???? Pangeran…???
(keterangan; kleting-kleting pingsan)
Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun ingkang awon ugi mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih punika Putri Sekartaji . Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun . pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase.


CERITA JAWA



                        BRAMBANG ABANG LAN BAWANG PUTIH
Dening Regu Edelweis

Kocap kacarita, ing desa Gejomplang ana salah satunggaling kluarga kang urip tentrem, lan makmur. Kluarga kuwi yaiku kluargane Pak Budi. Pak Budi kagungan garwa kang ayu, sabar lan pangerten. Pak Budi uga kagungan putri kang ayune ngalahi widadari, lan duweni sifat kaya ibune. Pak Budi kagungan tangga, namine Bu Rana. Bu rana kuwi janda sing urip naming karo anak semata wayange, Brambang Abang. Bu Rana karo Brambang Abang kuwi meri karo kluargane Pak Budi, nganti-nganti  nalika Ibune Brambang Putih lara, si Bu Rana ngirimi jamu kang nyatane racun. Bu Budi tansaya lara.

Bu Budi            : “Putih anak ku, (uhuk..uhukk) ibu pesen, bapak dijaga lan dirawat nggih,”
Bawang Putih   : “Huhuhu,, simbok.. inggih mbok, kula janji”
Bu Budi            : “Dadi bocah sing apik, ya, Nduk.. Supaya bisa nyenengke atine bapak..
Bawang Putih   : “Lha Simbok ki badhe tindak pundi??


Bu Budi            : “Nduk, aku kuwi wis lelaran.. Paling dhilit maneh Izrail methuk aku..”
Bawang Putih   : “Mbok!! Aja ngomong ngaten.. Mbok!!”
Bu Budi            : “A..aa..kkuu.. Tres..Naa.. Kowe, Nduk..” (Mati)
Bawang Putih   : “Simbookkk!!”
Pak Budi           : “Ngapa e ibumu ki??”
Bawang Putih   : “Genah meneng wae, kaku, pucet…”
Pak Budi           : “Ibu mati po?? Sayangku!!! Tresnaku!!!! (Goyang-goyangke Bu Budi) Eh ning aku isa duwe bojo anyar.. Aseeeekk.. Golek sing enom ah!! Sing kaya Dipta Anindita…”
Bawang Putih   : “Bapak.. Bapak ki stress we!! Aja kaya ngono tha..
Pak Budi           : “Ora-ora.. Ibu!!!” (Nangis.. Alay.. >,<)
           
Sapaninggale Bu Budi, Bawang Putih naming urip karo bapakne. Nanging, 4 sasi sakwise Bu Budi tilar donya, Pak Budi nikah karo Bu Rana. Lekas kuwi, uripe Bawang Putih berubah. Ora dadi luwih apik, ananging sawalike. Bu Rana lan Brambang Abang mesti ngekon-ngekon Bawang Putih nglakoni apa wae. Nyapu, ngumbahi, asah-asah, masal, malah kaya-kaya Bawang Putih kuwi dadi kacunge Brambang Abang karo ibune.

Brambang Abang   : “Putih… Putih…!! rene kowe. Iki kepiye? Ruang tamu ne kok ora karu-karuan rupane. Koyo gudang mburi kae lho! Cepet-cepet, lek ndang diresiki!!
Bawang Putih        : “Injih, Brambang Abang… (nunduk banjur lunga njupuk sapu).”

Ing ndapur....

Ibu Tiri                   : “Lho, . Bawang Putih neng ngendi yo, thek ora kethok rupane yo! (karo ndeloki kiwo tengen) Putih… Putih… Putih…! kowe neng ngendii !! dicelukke ket mau kok ora krungu to.
Pak Budi                : lah, ana apa to bu..bu…!  kok mbengok-mbengok ki (bingung).”
Ibu Tiri                   : “We..lha dalah Bapak tho, kapan le kundhur pak, kula mboten ngertos e menawi bapak sampun kundhur.
Pak Budi                : “Pancen bapak mau ora ngucap salam,masalahe krungu ibuk bengak-bengok nyeluki Bawang Putih. Lha si Bawang Putih neng ngendi he bu.? Lak ora nopo-nopo to deke.? (bingung).”
Ibu  Tiri                  : “Ora ngopo-ngopo og pak, santé wae ra usah kuwatir (karo ngelus-elus tangan bojone) Ibu wedhi Bawang Putih nak nganti ngopo-ngopo, ee lha dalah wonge malah lagi turu neng kamar galo, pak. “
Pak Budi                : “matur nuwun ya bu, Bapak remen tenan nduwe bojo seng pengerten tenan koyo Ibu, (ngelus rambut bojone).Ya wes nak ngono bapak tak mangkat dagang neng pasar meneh yo bu, paling bapak neng kono 1 minggu. Tulung ibu njogo anak-anak apik-apik yo buk, oh iyo iki ana duwit 500 ewu, cukup nggo kebutuhan seminggu iki buk(ngekke duwit).Yo wes buk, bapak tak mangkat sek yo.Assalamu’alaikum.. (ngajak salaman).”
Ibu Tiri                   : “Iya pak (ngambung tanganne bapak) ati-ati neng ndalan yo pak, da…! :D (sauwise bapak tindhak) .Hemm… mbok kira aku seneng karo kwe tenan po! Aku ki gor seneng karo duwit mu karo omah mu iki hlo… ha… ha… ha… Wong sleraku ki ra kayak owe.. (karo ngetung duwit). Putih… putih…putih…rene kowe! (nyengar-nyengir).”
Bawang Putih        : “Ya… ya… bu, wonten kenopo bu?”
Ibu Tiri                   : “Kowe ket mau ki neng ndi wae, tak celuki ora lek ndang moro? (narik lan njorokke Bawang Putih).
Bawang Putih        : “Injih bu ,kula wau nembe bobok dadose mboten radi ketingal suarane ibu…! (wedi).”
 Ibu Tiri                  : “Ya wes, (ngangguk-ngangguk) saiki kwe ngumbahi klambi reget kae neng kali? Ojolali Bawang Putih,sak durunge ibu bali meneh kumbahan mau kudu wes resik kabeh lan omah iki kudu wes resik meneh! Ngerti ra kwe….! (mbentak).
Bawang Putih        : “Inggih bu, kula ngertos.”
Ibu Tiri                   : “Yo uwis, nunggu opo meneh ? cepet lek mangkat”

Ing Kerajaan Njomplangke, Ibunda ratu lagi bingung mikirke nasib kerajaan sing lagi dipimpin. Deweke bingung banget, merga deweke wis tuwa lan saiki lagi lara. Deweke banjur nyeluk tabib kerajaan.

Ibunda ratu       : Bib, aku ki jane lara apa tho? Kok ora mari-mari?
Tabib                 : “Mboten punapa-punapa kanjeng ratu.
Ibunda Ratu      : Kowe ora sah ngapusi aku.
Tabib                 : Inggih kanjeng ratu. Saestu kula mboten goroh.
Ibunda Ratu      : lha aku iki kapan marine?
Tabib                 : njih panjenengan ingkang sabar mawon, sekedap malih.

Tabib metu saka kamar e kanjeng ratu banjur nemoni sang Pangeran Samber Gludhuk.

Pangeran           : Pripun pak kahananipun Ibunda?
Tabib                 : yuswanipun kanjeng Ratu manawi miturut prakiraan kula namung gari 49 dinten.
Pangeran           : “opo??? :O”
Tabib                 : mboten sah kawatir pangeran, taksih wonten 1 cara malih.
Pangeran           : Napa niku Pak Bib? kepiye carane, pokok e bundaku kudhu selamet. Cepet Pak Bib, kula diandhani.. huhu ibunda”
Tabib                 : “Sabar to den. Ngene, panjenengan kedhah nggawe obat saka 3 godong, yaiku godong kolonjono, ciplukan lan tapak dara ing kurun wekdal 49 dina.
Pangeran           : “ Hmm.. ambu-ambune kok angel temen yo, Pak Bib..?”
Tabib                 : “Lha mboten onten cara liyane maneh jhe..”
Pangeran           : “Ha enggeh Pak Bib. Pak..pak, mbesuk kancani kula nggeh, nggolek godhong 3 mau. Nggeh Pak Bib nggeh ????”
Tabib                 : “Wani pira?” ^_^
Pangeran           : “Woalah Pak -_- “

Ing panggon liya, Bawang Putih mangkat neng kali ameh ngumbahi klambi seng reget mau.

Bawang Putih     : “Duh Gusti, kapan aku bisa urip kepenak?. Esuk wis mangsak, asah-asah, njerengi, awan nyapu, sore mangsak meneh, mbengi mijeti Ibu lan Mbak yu ku, Huhuhu,, malang kian nasibku.. :’( ”

Sawise rampung ngumbahi, Bawang Putih banjur bali mulih. Ing ndalan, deweke nemu kembang ingkang apik banget.

Bawang Putih      : “Hhh,,(menghela nafas), akhire rampung le ngumbah klambi. (beberapa saat kmudian) Eh ? Wah, ono kembang. Kembang opo yo iki? Uapiik tenan ck,ck,ck.. Hmm,, ora ono sik duwe to iki? (clingak-clinguk). Kekeke, tak gawane bali ah. Lalalalala...”

 Bawang Putih banjur njabut kembang mau lan digawa bali. Tekan ngomah, Kembang kuwi mau banjur ditandur ing ngarep omah. Mung jarak sak wengi wae, kembang mau tukul dadi wit kang dhuwure setengah meter, lan nduweni godhong kang apik bentuke.

Tabib                 : Pangeran, kita sampun madosi godong nganti 39 dinten, taksih kirang godong tapak dara. Pripun niki?”
Pangeran           : Ra pa pa, sing penting usaha sik, ojo nyerah
Tabib                 : “Inggih,. Pangeran Niku enten ndeso, menawi kita nyobi pados dateng mrika pripun ?
Pangeran           : “Ya”

Tabib lan Pangeran ngubengi desa itu, saben omah ditekani, nganthi pucuke desa sing paling pucuk, godhong sing ke 3 ora ketemu-ketemu. Akhire, Tabib lan Pangeran tekan ing omahe Bawang Putih.

Tabib                      : “Assalamu’alaikum .. (dodok-dodok lawang)
Brambang abang    : ya, sedilit,” (Brambang Abang nginjen saka jendela, banjur mbukake lawang.)
Brambang abang    : “Ehm,, ehm,, wonten punapa nggih ?
Pangeran                : “Mekaten, kula badhe tanglet . Ing ngajeng punika wit kembang e sinten (nunjuk wit kembang) ?
Ibu tiri                    : “Loh loh? Iki Pangeran Samber Gludhuk saking kerajaang Njomplangke to? Wonten kersa punapa kok mampir omah kula? (ujuk-ujuk nyauri)
Pangeran                : “Mekaten bu, kula badhe tanglet punika wit kembange sinten?
Ibu tiri                    : oh niku nggene anak kula. Pripun to?
Pangeran                : menawi wit kembang niku kula tumbas pripun?
Ibu tiri                    : oh nggih .. saged,niku nggene anak kula si Brambang Abang kok. Yo ra ndhuk? Oleh to?”(karo ngedepi Brambang Abang)
Brambang abang    : “oh inggih bu. Mboten napa-napa.
Pangeran                :matur nuwun sanget nggih.

Brambang Abang banjur nyoba njabut wit kembang kui mau, nanging ora bisa.Dijajal nganthi tangane puanas nass nass, wit kembang mau tetep ora bisa kecabut. Ujuk-ujuk Bawang Putih teka saka alas, deweke bingung, kenapa akeh uwong nang ngarep omahe.

Bawang Putih      : “Njenengan meh ngapa  mbak yu?
Brambang abang : “huzz, wis kowe menengo wae, iki wit kembangku, iki urusanku. Kowe ki mung kacung.. Ra pantes..
Tabib                   : pripun mbak? saged mboten nggih ? Menawi niku mboten nggene panjenengan wit kembang niku mboten saged di jabut. Cobi mbak e niku wau mawon.
Brambang abang :  “ha ora mungkin,, kuwi cetha gonaku ! Masa cah mbel gedhes kaya Putih isa.. Hilih..
Tabib                   : nyobi mawon rumiyin.

Bawang Putih banjur nyoba njabut wit kembang mau, namung ditarik ping pisan wae, Bawnag Putih wis bisa njabut wit kembang kuwi mau amarga wit kembang iku nggone dekke.

Brambang Putih  : “Monggo Pangeran, niki wit kembange”
Pangeran              : inggih,matur suwun nggih cah ayu. Heh!! Sing klambi abang.. Mesti kowe mung ngaku-aku.. Ya tha?? (Brambang Abang mrengut) Ketok reti ra..

Sauwise ngucapke matur nuwun kalih Bawang Putih, Pangeran lan Tabib balik ing Kerajaan Njomplangke.
Ning kerajaan....

Pangeran           : “Pak Bib, menika godong sing dibutuhaken sampun ketemu sedaya.
Tabib                 : “Oh ya, kene kene, tak godhoge”

Tabib                 : “Niki Pangeran, ramuane sampun dados. Sampun saged diunjuk kaliyan Ibunda Ratu”
Pangeran           : “Oh ya Pak Bib, kene kene”
Pangeran           : “Ibunda, monggo diunjuk ramuane”

Sawise ngombe ramuan saka 3 godong mau. Ibunda Ratu banjur mari saka penyakite.

Ibunda Ratu      : “Le, aku pengen ketemu karo wong sing duwe wit kembang iku mau ?
Pangeran           : “Lha, wonten punapa ta Bu ?
Ibunda Ratu      : “Aku pengen ndadekake deweke dadi mantuku, amarga wis bisa nylametake uripku. Kowe nek ya gelem ta Le? ;) “
Pangeran           : kersa sanget bu.. :D  Wong aku kuwi wis jatuh hati wiwit kepisan pethuk.. Hehe..
Ibunda Ratu      : “Ealah anakku wis ngenal tresna.. Ya wis.. Ndang siyap-siyap nggo nglamar de’e..”

Sawise kui mau, Ibunda Ratu lan Pangeran teka nglamar Bawang Putih. Brambang Abang lan ibune meri banget.

Ibunda Ratu           : “Oalah iki to Pretty Girl-mu.. Cen ayu.. Nah nek sing nang mburine kae sapa tha?”
Pangeran              : “Brambang Abang.. Mbuh kuwi sapane.. Ning gaweane ngatur-ngatur.. Ah yow is sing penting aku arep nglamar Bebeb Pretty Girl-ku..”
Brambang abang   : “Wah Pangeran arep nglamar aku.. Aduhh..”
Pangeran               : “Woo GR.. Putih kale… Bawang Putih.. Aku tresna karo sliramu.. Gelem ora dadi pacarku??” (Bawang Putih gedhek)
Ibunda Ratu          : “Hayo jelas ora gelem.. Kan geleme dadi bojomu..”
Pangeran                : “Putih.. Aku pengin kowe dadi garwaku.. Ya.. Ya..?”
Bawang Putih        : “Aku gelem kok..”
Bu Rana                : “Lha aku karo anakku ditinggal nang omah iki.. Trus kowe nang istana?? Yo ra trimo.. Aku ki mbokmu lho, Putih..”
Pangeran                : “Ibune?? Lha kok mbiyen kae mbentak-mbentak.. Ngakon-akon maneh.. Berarti mbiyen Putih padha disia-sia?? Ya uwis, Brambang Abang karo Ibune ben nang kene wae.. Aku karo Putih urip seneng saklaawase.. Eaaa!!
Bawang Putih        : “Apa ta, Pangeran sing Kesamber Gludhuk??”
Pangeran                : “Kok jenengku ganti tha, Dek?? Ah yo ra papa.. Sing penting posisiku nang atimu ora ganti.. Tetep dadi Yayangmu..”

Sabanjure Bawang Putih diboyong ing Kerajaan Njomplangke. Bawang Putih lan Pangeran urip tentrem, ayem, lan dadi keluarga kang sakinah, mawadah, warahmah. Alhamdulillah.








TUGAS BAHASA JAWA
KETOPRAK
ANGGOTA:
1.AYU NUR AINI (6)
2.BRILLIAN RISKI A S (7)
3.DIFA RAHMANISFUL (8)
4.DZIKIRANA MAJID R  (9)
5.ENGGIH ESTINA (10)